Posts

Showing posts from March, 2012

Biyung

Ing kene aku ngrasakake
Panguripan kang congkah mring impen kang karonce
Ananging kabeh iku uwis pesthine

Ing dina-dina kang lumaku
Wewayanganmu tansah kumlebat ana ngarepku
Kayadene iburing kupu lan manuk madu

Cilakane tembe niki kawula nyadari
Gedening labuh labeting diri lan pakarti
Dereng angsal panggenan wonten manahipun keng putra lan putri

Sanajan katon samudana ing katuladan
Panjenengan pawongan kang kebak kautaman
Aku asung sak gunung pakurmatan

Ing antarane luh kang mili
Sanajan kalebu telat ing wanci
Kula anggadahi janji
Bakal tansah atur bekti
Muga Allah anyembadani

Geguritanku Wengi Iki

Aku ora nate mbayangne bakal nglakoni
Dalan nggronjal sing kudu tak liwati
Kabeh iki kayadene ngimpi

Getir nalika dipikir
Senep nalika dianggep
Semrepet nalika diampet

Sing baku
Aku kudu setya tuhu
Marang apa sing dadi paugerku

Aku percaya
Gusti ora paring coba
Angleluwihi kakuatane manungsa

Mula ora perlu dilebokna ati
Kabeh iku wis pinesti
Manungsa saderma nglakoni

Langit Kutha Ngawi

Image
Wengi-wengi nglembur sinambi ngrungokne lagu-lagu saka flashdisk e bojoku, Kang RW. Iseng-iseng wae sakjane, amerga aku bosen ngrungokne lagu manca sing ana playlist ku. ndelalah isine flash disk lagu-lagu koplo karo campur sari. Karo manthuk-manthuk lan goyang sithik aku ngetik sinambi ngrungokake lagu koplone Sera. Bareng wis sawetara lagu ana lagune Dalang Poer, langit mendung kutha Ngawi . Sak kal pangangenku bali ning masa sing wis kawuri. Aku ngrasa wektu kayadene kumlesat tanpa ampun. Dalang Poer mbrebes mili aku yo melu-melu. Kelingan romansa ne kutha Ngawi.
Kabeneran sesuk dinane Sabtu, saya tambah kangenku marang Ngawi. Mbiyen angger dina Sabtu aku bali ning Ngawi. Numpak bus Sumber Kencono sing diwedeni wong-wong, ning dadi mitraku suwene 10 tahun iku. Alhamdulillah ora nate nemoni alangan. Arep piye-piye, bus iku jasane gede banget kanggo wong-wong sing setya marang kendaraan umum. Karcis e Solo-Ngawi tahun 2002 gedene limang ewu rupiah. Terus tahun 2011 mundak dadi sangan…